Jumat, 15 Juli 2022

KAYA DINA BADA

 


Tanggal 26 Nopember 2021 dina sing tek nteni. Atiku bungah banget yakin, bisa ngajak kanca-kanca maring Banyumas. Janjane inyong isin, angger kegiatan FKKS bisane teka ijen bae. Lah piwe maning, laka sing gelem diajak. Pokoke piwe carane nggone eklan. Inyong eklan nek Maharaja kuwi MI paling maju, bilingual class, duwe kebon melon, kepalaeh ngganteng pisan, kaya artis Korea sisih lor, ya beda tipis lah, luwih kandel Kang Indra. Kapan ora pada ya padakpadakna karo presidene Korea sisih Lor. Kejaba kuwi nek bisa mangkat Dina Jumat, apan diajak maring kebon melon duweke Mahadia, kepalaeh wadon tapi setrong kaya Nini Dakem, jenenge Welas Rarasati. Embuh kuwe sapane Nini Dakem.

Wengi Jumate inyong videocall nang grup WA sing anggotane mung uwong enem. Inyong dewek, Tadz Azam Kepala SDM PK Paesan, Tadz Nurdin Sholeh Kepala SDM Tanjungkulon, Tadzah Junaenah Kepala SDM Pangkah, Tadzah Rahma Kepala SDM Tahfizhul Quran Wonokerto, siji maning Tadzah Umi Isrotun Kepala SDM 3 Pekajangan. Disepakati mangkat sekang Paesan jam 10.00. Inyong, Bu Jun, Bu Umi langsung maring Paesan. Bu Rahma ngenteni nang Kajen ngarep Gedung Dakwah Muhammadiyah Kab. Pekalongan.  Pak Soleh ngenteni nang tugu 0km Kajen.

Jam sepuluh punjul mulai mangkat maring Banyumas lewat jalur Kajen – Kesesi – Bodeh - Pemalang. Mampir jumatan nang masjid sing esih dibangun, bejane inyong gawa sajadah, jamaah sing teka keri pada ora olih enggon. Bar Jumatan, mampir madhang nang Randudongkal, eh jebule ketemu tanggane dewek bos kayu sing pada wae lagi madhang, jarene bar mulih seka Guci.

Kira-kira jam setengah papat, rombongan wis tekan Maharaja. Langsung disambut para bidadari Maharaja. Rombongan liya kaya-kayane wis pada siyap maring Green House.

Mari pada rampung solat asar, bidadari kuwe mau nggawakna inyong pecel sak kranjang. Langsung pada dipangan nang jero Avanza. Pecel combrang, lontong, lan bakwan. Hemmm enak tenan....!

Tekane green house jebul rombonganku teka paling disit. Kok esih sepi, apa uwis rampung ya acarane.  Liyane pada maring greenhouse inyong ming ning galengan ngentekna pecel mau. Nembe sak emplokan, rombongan liyane pada teka. Mangkat disit urung mesti tekan disit ya. Kaya slogane mobil Carry, Carry – carry puwo sing penting disit, hahaha.

Bali sekang greenhouse disambut sajian makan malam tahu gecot, ya kaya ketoprak, tahu campur, apa lontong tahu lah. Mari kuwi peserta pada sharing. Masing-masing perwakilan Kabupaten/Kota nyampeake bestpractice e dewek-dewek. Gilirane inyong, bingung apan nyapekakae apa, lha wong best kabeh koh, gayane padahal ora eneng best-best e kejaba luwih tuwa sekolaeh.

Maju mundure sekolahan salah sijine peran kepala sekolah, mung kepala sekolah kuwi dudu Supermen, ora kudu bisonan (nompak Yamaha Bison maksudeh) ya kadangkala Avanzanan senajan dudu Avanzane dewek. Jan pokoke diskusine gayen pisan nganti ora eling wektu.

Mari kuwi isuke diajak Kang Indra maring Bendung Gerak Serayu, sarapan ana kana menune soto karo lontong, ora lali mendoane. Ana sing nyletuk, ndene lontong maning – lontong maning, kaya dina bada bae. Wes lah ora usah reang gari mbadog bae koh, rewes.

Pamitan seka Maharaja, disambut senyuman para bidadarine Maharaja, jarene para bidadari yang buruk tinggalkan saja, yang baik silahkan dibawa. Piwe kiye Kang Indra, bidadarine baik-baik kabeh, apan tek gawa  ora eneng enggone.

Ketrangan foto: Lagi pada sarapan lontong ana Bendung Gerak Serayu
Fotone njukut sekang FBne Ustadz Heru Nugroho (Piyantune sisih tengen ngagem rompi) 
Sing kiwa anggo kaos ijo kuweh Kang Indra Kepala Sekolaeh Maharaja.
Kyai Pamuji Raharjo (Ketua FKKS SD/MI Muhammadiyah Jawa Tengah) ngagem batik kaliyan kopiah.

PAK CIK

“Semua gambar diawali dari sebuah titik” Pak Cik aku memanggilnya, bukan sebutan paman dalam Bahasa Melayu. Beliau adalah Pak Mucikno, Gur...